MBUHLAHH pokoke lagi pengin bae nganggo basa campuran, Banyumasan karo apa bae sing penting dadi tulisan. Nyong ana cerita nding wingi pas nyong dadi apa yahh istilaeh, pokoke nyong ngertine LO singkatan sekang Liaison Officer basa inggrise.
Nahh pas dadi LO kuwe, kebeneran ngancani orkes dangdut sekang Tuban sing jenenge OM Adella sing jebule penyanyine ayu-ayu pisan, apa maning sing jenenge Difarina Indra jann temenan gawe nyong deg-degan pas neng sebelaeh, ngasi ora kepikiran foto bareng.
Jane seliane dadi LO kuwe mau, ndilalaeh platform ku acarakita.net yaa dadi media partner acara.
Seliane sing jenenge Difarina Indra, sing nyong ngerti sihh ana Desy Tata juga wong Wonosobo, tapi kayane wong wadon kuwe ora nginep neng hotel bareng penyanyi liyane apa beda hotel juga nyong ora paham, soale neng instagrame deweke kaya neng ngarep hotel sing ana neng cedek perempatan Srimaya, mesti paham nek sing wong Purwokerto sih.
Tapi nyong arep ora cerita kuwe lah, sing tek kancani nyong bae. Dadi kuwe rombongan OM Adella karo penyanyi sing sekang Jawa Timur mau nginepe neng Privato Suite, daerah Mersi kana cedek lapangan. Mbuh priwe ceritane nginepe neng kono, padahal jane akeh penginapan sing oke daerah cedek GOR Satria Purwokerto, nggon acara band-bandan sing OM Adella tampil.
Rombongan pertama sing gutul Purwokerto kuwe pemain band'e sing pas mbengine ngabari jere gutul kene sekitar jam 9an tapi nyatane gutul jam 1 awan. Dadine yaa gelem ora gelem kudu ngenteni ngasi pirang jam dewek bolak-balik GOR ming hotel nggo mastikna kondisi.
Jam 1 awan rombongan pertama nembe teka trs langsung njaluk check in, ndean pengin langsung ngaso disit. Sesuai peraturan hotel, dilarang merokok neng njero kamar dan area ruang tamu, kuwe tek sampekna ming perwakilan rombongan nek melanggar bisa kena denda ora semending, ngasi 500 ewu per kamar, terus di oke ni neng perwakilan rombongan.
Uwis beres rombongan pertama, tek tinggal disit mangan dan lain-lain sing perlu nyong urus dewek. Bar sholat ashar nembe balik maning ming hotel, mastikna ora ana sing kelewat terus siji-siji penyanyine gutul ming hotel langsung ming kamar sing wis disewa.
Singkat cerita wis gutul kabeh lahh, akhire bar maghrib rombongan pemain musik mangkat disitan ming nggon tempat pertunjukan, yakuwe GOR Satria Purwokerto sing jane nembe bae mulai. Biasane nek nyong ngancani artis, wis disediakna tempat, tapi kiye koh ora, dadine nyong telpon ketua panitiane dan jawabane pancen ora ana.
Terus nyong takon ming pemain band ne juga jere ora perlu, nunggu neng mobil karo mburi panggung bae karo nunggu waktune tampil. Mandan heran tapi yaa kuwe nyatane, terus nyong yaa takon maning kepengin apa mbok bisa tek siapna, jerene ora nana dadi yawis malah bisa nyante ya mbok..??
Ora mandan suwe, salah siji rombongan ana sing nyamperi takon kopi bisa tuku neng endi, akhire yawis nyong bae sing nggolet terus telpon maning ketua panitiane, dijawab ngko bagian konsumsi kon nggawekna.
Mikirku koh suwe temen, jajal tek parani jebule ndadak nggodog banyu tapi nyong nganah wis dadi kopine gari dijujugna. Kurang akeh, nambah 4 maning karo mengko pas main njaluk 8 gelas, aman..!!!
Kiyeeee... sing ditunggu wuoiiyy, biduan kemlecer munggah panggung pas jam 9 wengi, jan nyatane ayu pisan, apamaning kuwe sing mau jenenge Difarina Indra. Siji siji biduane nyanyi ngasi jam 11 wengi, terus langsung balik hotel maning.
Oh iya, artikel liputan acara kuwe juga ana neng platform acarakita.net, klik kiye bae ya kena..!!
Inti ceritane kiye... beberapa penggemar wis pada nunggu mung pengen foto karo tanda tangan. Biasane nek nyong ngancani artis, mesti disamperi, anu mung tanda tangan karo foto tok ikih, mestine ora ngasi 30 menit.
Tek perhatikna koh ora ana sing nyamperi penggemar, tek perhatikna terus koh ngasi jam 2 dini hari nyong metu mangan, esih pada nungguni, nyong balik mangan jam 3an juga esih. Merga nyong juga kesel, akhire ngaso disit neng hotel kono juga ngasi nyong tangi mandan gasik jam6an, penggemar esih neng kono jere urung ana sing nemuni.
Melas temen dengen yahh..??
Rombongan pertama bali gasik jam8an kayane, beberapa nerima foto bareng terus langsung jalan. Teruusss ngasi jam10an nek ra salah, esih bae pada nungguni nembe nemuni bee karena para penyanyine arep ming mobil dadi sisan ndean dari pada ora.
Rombongan wis arep bali kabeh, tapi kunci kamar ketriwel siji pada balang-balangan, terus nyong ngomong aja lunga disit, nyong tek goleti kuncine diiyani sih terus nyong munggah maning nggolet untung ketemu, terus nyong balik maning wis ora ana rombongan blass... dadi nyong mikir, dengen kaya kuwe temen sih kurang rasa tanggung jawabe, ora ngayomi penggemar sing wis rela turu neng emperan demi bisa mung foto bareng tok.
Wis rampung, akhire tek check out na kamare daaaaannn... 4 kamar kedapatan ngerokok neng kamar, terus yaa wis kena ganti rugi, dadine nyong ngomong ketua panitia, mbuh akhire kepriwe.